Tampilkan postingan dengan label SASTRA TEGALAN. Tampilkan semua postingan
Tampilkan postingan dengan label SASTRA TEGALAN. Tampilkan semua postingan

Rabu, 12 September 2012

Kangen Selalu



nang ngisor batur ledeng
sumringah senyumu agawe adem hawane kota Tegal,
mawar wangi ambune semebar saka sampeyan....
paes moncer kaya Dewi Supraba, saka awang awang kumitir
jeritane kereta senja mangkat Jakarta wis krungu,
kaya ora bisa ilang saka atiku...
sampeyan nandur  tetanduran tresna, kaseksini
Batur Ledeng...kang ngadeg jejeg ora obah
kaya raksasa nggoleti bocah cilik sing nangis.
inyong wis kadung nandur tetuwuhan sampeyan
nganti kabeh isine kota Tegal temungkul,
moncer lampu-lampune
ijo godong godong taman nang alun-alun

Klalen sakabehane, apa iya...?
mung ombak Purwahamba gagiyan protes
apa sampeyan wis ora nduwe ati maning?
inyong mung bisa nyimpen sendu rindu
TEGAL....12 SEPT. 12

Sabtu, 08 September 2012

Emoh nang Malaysia



Terus bae watuke ngikil, tapi ora mandeg Man Kasan nyuled mbako Boyolali lintingane. Tangane sing isih kuat, kulite sing wis rada ireng, terus bae nyekel papir sing kemebul nyenggrak. Tapi Man Kasan ora peduli, rasane tambah wengi tambah nkmat, apa maning wayahe ketiga, semripit angin kumbang ngiliri awake sing esih katon gagah, senadyan umur pan setengah abad.
“Primen kang !, uripe awake dewek, apa terus terusan pan kaya kiye ?“ omongan Yu Sinah bojone mau sore terus bae ngisi atine sing lagi bingung. Pancen Man Kasan ora tau keder ngadepi penguripan kiye. Nanging pancen penguripan saiki beda adoh karo penguripan jaman gemiyen, waktu deweke dadi tukang batu bar lulusan SD. Dewekw ya pernah merantau nang Jakarta ngewangi bulike asah asah nang Warteg. Wektu kuwe ya urip rasane ora angel, senadyan Mang Kasan             Cuma nduwe ijasah SD. Sepisan maning Man Kasan mbatin, apa sing salah nang jaman saiki.
“Apa jamane sing salah, apa manusia wis akeh dosane ?, apa Gusti Allah wis ora tresna maning karo manungsa ?, apa ya ?” kaya kuwe batine Man Kasan. Watuke terus ngikil, tambah wengi tambah seru. Nganti Yu Sinah kebudegan, akhire tangi lan jagong njejeri Man Kasan.
“Wis kang, urip ora kudu dipikir, tapi kudu gumregah, mampune awake dewek kiye apa ?”
“Ya,apa ?, wong wis tak lakoni dadi tambal ban, wis mayang nganti tekan Laut Yuwono, ya maksa bae aku ora mampu nafkahi sampeyan “
“Coba tak nang Malaysia, ya kang ?” kaya kuwe panjaluke Yu Minah.
“Aku emoh. Nah !, sarekasane  urip nang negarane dewek, kiye luwih apik timbang urip seneng nang negara liya “. Man Kasan ngomong karo matane mendelik, nyawang bojone sing esih katon nom, kulite putih resik tur awake katon sintal. Man Kasan banget tresnane karo bojone, mulane ora gelem ditinggal nang Malaysia.
“Lha primen, kang !, aku ora tega nyawang sampeyan adus kringet makane Udin, Sofyan karo Sulis.
***
Langit langit omahe sing wis kusam warnane, saiki tambah anget kena genine manungsa sing bebrayan lagi pada tukaran, eyel-eyelen, pada ora gelem ngalahe.
“Wis kaya kiye bae, Nah. Yen koen keder, ya umah kiye tak dol, primen ?” panjaluke Man Kasan.
“Aku ora setujuuu, kang. Omah kiye di dol, eben kanggo masa depane anak anke dewek “
“Ya wis, yen kowe mikir masa depane bocah, ya ora susah ning Malaysia. Awake dewek duwe omah tingalane wong tuwa pinggir dalan, bisa kanggo warung sega apa sauto.. Kenapa harus ke Malaysia ?.
Wengi wis rada adem hawane, bojone saiki wis ora ngeyel maning. Man Kasan ya wis lega atine. Mbuh apa sing dilakone pasutri kuwe, sing jelas mereka berdua tidak mau melewai malam ini begitu saja. Esuk esih ana dina, esih ana penguripan maning. Wong loro anane mung pasrah***