Rabu, 12 September 2012

Kangen Selalu



nang ngisor batur ledeng
sumringah senyumu agawe adem hawane kota Tegal,
mawar wangi ambune semebar saka sampeyan....
paes moncer kaya Dewi Supraba, saka awang awang kumitir
jeritane kereta senja mangkat Jakarta wis krungu,
kaya ora bisa ilang saka atiku...
sampeyan nandur  tetanduran tresna, kaseksini
Batur Ledeng...kang ngadeg jejeg ora obah
kaya raksasa nggoleti bocah cilik sing nangis.
inyong wis kadung nandur tetuwuhan sampeyan
nganti kabeh isine kota Tegal temungkul,
moncer lampu-lampune
ijo godong godong taman nang alun-alun

Klalen sakabehane, apa iya...?
mung ombak Purwahamba gagiyan protes
apa sampeyan wis ora nduwe ati maning?
inyong mung bisa nyimpen sendu rindu
TEGAL....12 SEPT. 12

Tidak ada komentar:

Posting Komentar