Rabu, 12 September 2012

Cinderella saka TEGAL




wis kurang apa, Cinderella ?
apa kudu rembulan, sing bunder ayu...
kepenak ngringkel  nang sajroning gaun malamu...
sing digelar saka Himalaya nganti Puncak Semeru
kejaba mung Kuncung Semar....
sing bisa adum kasekten karo inyong...

pada- pada warna pelangi...
jejer werna pitu sajroning grimis riwis riwis
kuwe katresnanku marang sampeyan...
sing ayune kaya dakocan urip...
digubet jarit guratane Parang Barong...
nganti kepriben maning, uripr inyong kiye...?

wis rada ambekan...mumpun esih jembar kalanganne
muncar srengengene lan adem hawane
ayo pada tetembungan sing apik
kaya kuning resik kulitmu...

lan lodang dalan penguripane sakloron
mbokmenawa esuk esih ana gumebyaring urip
nganti inyng bisa nggawe umah
laya gedong loji kompeni...apik
temboke putih bersih, akeh tetanduran kembang...

mawar, kaya katresnanmu
melati, kaya atimu sing tak arep-arep
kenanga, kaya semburat srengenge wayah esuk
ora kudu pedut sing medeni
sing bisa nunjem atimu....
Cinderellaku...!,......

Tegal, 10 Sept 2012


Tidak ada komentar:

Posting Komentar