Kamis, 06 September 2012

Indonesia Galau



kumlawene alang alang  nyebaraken wijil sing kabur kanginan
kemrisik  godong tebu, pada tetembungan kangen padang mbulan
sing ana ning pelataran omah tani gubug pring
 nanging saiki pada njubleg...gerang gereng kaya buta ijo wayah surup
nggagas sawah kebon sing pada semu ireng lemahe
ngajog karo pepundene bangsa sing pada seneng korupsi
apa ora ana maning geguyonan ? ...kaya penganten anyar..
kang disiram kembang mawar melati

kembang setaman sing  tukul asri sadawe benang kamanungsan
mung pada medegdeg, ora ana maning mangambar wangi
kaya lagi jaman sedulur tetanen nang sawah ijo royo royo
dipangku Gunung Slamet sing kaya Kumbokarno....
apa wis pada garing padusan widadari ning tlatah nusantara...
apa wis ora ana angin ketiga sing gawe godong klapa megat megot

kenapa saiki pada temungkul
‘godong pari lan palawija, agawe bocah pada nangis mriyang
ora ana maning tetembangan lagu jawa ning plataran
kabeh pada mbengok, mabok lan keprosok lumpur
dasar telaga Archipelago sing mowo panas lan nggegirisi

ayo dulur pada cancut tali wondo
samekto ing gati
gegandengan dadi siji, aja ana maning
sedulur sebangsa sing nelangsa diblati onar, nggrangsang lan
mbentongor karo sedulure dewek

Tegal, 6 September
2012

Tidak ada komentar:

Posting Komentar